PAMEDHAR SABDA
Dening : .................................../....../......
Maulid Nabi Muhammad SAW
Assalamualikum Warahmatullahi
Wabarakatuh
Ingkang
kinurmatan Ibu Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru saha karyawan karyawati ingkang
kula hormati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kaping
pisan, sumonggo kita konjukaken puja lan puji syukur dhumateng ngersanipun
Gusti Allah SWT ingkang maringi kita nikmat lan hidayahipun damel kita sedoyo.
Kaping pindo, shalawat saha salam tetep kalimpahaken dhumateng junjungan kita Nabi
Agung Muhammad SAW ingkang sampun ngasta saking jaman jahiliyah dumugi jaman
islamiyah ingkang sampun kita raosaken meniko.
Wulan meniko
kita sedoyo mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW ing taun 1435H. Nabi Muhammad iku
manungsa pilian Gusti Allah. Panjenenganipun dipuntugasaken mbenahi masyarakat
Jahiliyah ingkang tesih sesat. Nabi Muhammad ingkang sampun piwulang nggih
katah manungso Jahiliyah utawa kaum kafir ingkang nyukani peperangan dhumateng
Nabi Muhammad, tapi mboten wonten ingkang sukses sedoyo pacoban gagal amargi
Nabi Muhammad dipunlindungi dhumateng Gusti Allah saking sedoyo penghalang
kagem nyebaraken Ilmu Tauhid. Kita saget mendet piwulangipun Nabi Muhammad,
tindak tandukipun Nabi uga saget kita dadosaken patuladhan.
Para
sedherek ingkang kula hormati
Estu, manawi
kita purun nuladhani tindak-tandukipun Nabi Muhammad SAW saha mraktekaken
sifat-sifatipun Nabi, kita yekti dados manungso ingkang sukses, sukses ing
peradaban lan liya liyane. Nabi Muhammad SAW sukses membangun masyarakat
Madinah minangka masyarakat madani amargi NabI Muhammad SAW konsisten tuwin
komitmen kalian sifat lan cita-cita perjuangan, manuggalipun ngendikan kalian
tata laku, sahingga mboten naming para sahabt ingkang paring pangormatan
ananging ugi para lawa-lawanipun.
Sifat-sifat kalawau inggih punika Shiddiq
ingkang artosipun jujur utawi pinarcaya, Amanah ingkang arosipun saged
dipunpitados, Tabligh ingkang artosipun purun ngaturaken sedoyo piwucal utawi
wahyu lan Fathonah ingkang artosipun lanti utawi cerdas.
Cekap semanten
atur kula menawi wonten kalepatan kula nyuwn agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, nun wal qalami wama yasturun.
Wassalamualikum
Warahmatullahi Wabarakatuh


Tidak ada komentar:
Posting Komentar